Monday, July 31, 2017

contoh sesorah bahasa jawa/Tugas Bahasa Jawa/siswa


Contoh sesorah.





Assalamualikum wr wb

Ingkang  satuhu kinurmatan Bapak  kepala Desa Kaliwungu
Sedaya Bapak Kepala RT saha RW ing  Desa Kaliwungu mriki ingkang kula kurmati ugi.
 Boten kesupen para rawuh sedaya ingkang bagya mulya. 

            Alhamdulillah , puji syukur sumangga kula saha panjenengan sedaya tansah  aturaken wonten ing ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun paring rahmat  saha hidayahipun, sahingga panjenengan sedaya saged rawuh wonten adicara pengetan 17-an wonten ing wekdal menika kanthi boten wonten alangan satunggal punapa.

 Para rawuh ingkang minulya,

Wonten ing kalodangan punika kula minangka sesulih saking para kadang  panitia pitulasan/pengetan ambal warsa Rebuplik Indonesia. Keparenga gaturaken sugeng rawuh saha agunging panuwun dhumateng para rawuh sedaya  ingkang sampun purun mbucal wekdal saperlu rawuh wonten papan menika kanggem mangeti ambal warsa Rebuplik Indonesia.

Kula  ugi ngaturake panuwun dhumateng sedaya warga masyarakat Desa Kaliwungu,Ketua  RT/RW saha masyarakat umumipun ingkang sampun nyengkuyung adicara menika, ingkang sampun mbiantu  saking kawiwitan acara menika dumugi samangke ngantos pungkasaning adicara menika. Sae menika ingkang sampun biyantu badha tenaga saha sanes-sanesipun ingkang boten saged kula sebataken setunggal-setunggal saestu saking panitia namung saged ngaturaken agunging panuwun.
Boten kesupen kula ugi ngaturaken panuwun dhumateng  sedaya panitia pengetan 17-an menika, ingkang sampun nindhaaken tanggung jawabipun kanthi sae. Pramila adicara menika saged kalampahan  kanthi sae.

Boten kesupen kula amakili saking sedaya panitia pengeten 17-an nyuwun sewu-sewu agunging pangapunten mbok bilih anggenipun nglaksanakaken acara menika tasih kathah kekiranganipun utawi kirang nuju prana dhateng penggalih panjenengan sedaya, saestu panitia namung saged nyuwun agunging pangapunten. Mugi-mugi kanthi acara menika saged nuwuhaken rasa trena dhatheng tanah air kula saha panjenengan sedaya nun inggih Negara Kesatuan Republik Indonesia.

Cekap semanten atur kula mbok bilih wonten klenta-klentuning atur, olah basa, tindak tanduk kula ingkang boten mranani wonten ing penggalih panjenengan sedaya kula nyuwun pangapunten.



Wassalamualaikum wr.wb.





 Demikian contoh sesorah  basa jawa tema HUT RI .17 agustus semoga bermanfaat.

CONTOH CV LAMARAN PEKERJAAN/ CV DIKETIK/ CV SEDERHANA

Hai sobat, jumpa lagi di postingan kali ini. Kali ini saya akan berbagi pengetahuan tentang apa itu CV (Curriculum Vitae) atau dalam bahas...